Sunday, April 13, 2014

Panyandra Temanten Kakung Tumuju Sasana Panggih

Binarung swaraning pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nucwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung ingkang ngembo busananing narpati. Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.

Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,
Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko.

Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.

Related Posts:

  • Tuladha Panyandra Kacar-Kucur Foto By : Yussie Photography Kacar kucur mempunyai makna, seorang suami harus memberikan nafkah lahir kepada istrinya yang berupa sandang, pangan. Dimana dalam sebuah keluarga, suami harus bekerja untuk menghidupi keluar… Read More
  • MC Manten Jawa Bersama Surya Salon Kebonagung Ijik kelingan nalika arep budhal makarya ana ing laladan Desa Katipugal Kebonagung Pacitan. Ing mangka desa kui panggonane para pangulowentah seni jawa. Pikirku mbok menawa ana kurange weruhku babagan basa utawa sastra lhak… Read More
  • Rias Pengantin Tulakan Pacitan, Dokumentasi Oleh Yussie Photography   Disat akan mengadakan sebuah resepsi, terkadang kita merasa bingung untuk memilih siapa yang akan dijadikan partner terbaik acara kita. Itu memang wajar jika belum pernah tau atau belum pernah melakukan kerjasama den… Read More
  • Dokumentasi Pernikahan Wien dan Ryan Usume akeh sing padha mantu. Mantu jarwo dosoke miturut othak athik mathuk, Man:Teman , Tu: Turu. Dadi mantu kui nggolekne teman turu anake wedok. Wong jejodhoan kui tujuane ana telung perkara.1. Golek batur urip, merga ma… Read More
  • MC Pernikahan Gaya Islami dalam Pernikahan Achriza Danarko   Pertama kalinya Menjadi MC Manten, sekaligus sebagai tukang Foto. Waktu itu termasuk hari baik menurut perhitungan orang jawa, maka banyak yang menyelengarakan pernikahan putra putrinya. Oleh karena itu, mau mencari … Read More

0 comments:

Post a Comment