Friday, April 10, 2015

Pangertosan Bab Hamedhar Pangandikan

MC Manten Pacitan, Dalang Manten Pacitan
Saderengipun kita anggladhi utawi maraga hamedhar pangandikan / tanggap wacana, langkung rurniyin kedah mangertosi babagan werdinipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana punika punapa?

Hamedhar pángandikan / tanggap wacana punika salah satunggaling pakaryan kangge amedharaken panguneg-uneging manah, gagasan, inforrnasi dhumateng piyantun kathah lan anggadhahi tujuan kangge mratelakaken pangertosan dhumateng piyantun kathah nanging saged ugi kangge milut.

Dados ingkang baken salebetipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana inggih punika kados pundi panjenengan saged amilud lan andamel sengsem dhumateng para pamyarsa kanthi pamedharing pangandikan panjenengan kala wau.

Tartamtu kemawon badhe andamel kuciwaning manah menawi panjenengan hamedhar pangandikan kanthi angandhar andhar, ngantos - ngantos busana kita teles dening gumbrobyosing riwe, nanging para pamyarsa (para tamu) punika babar pisan boten saged kapilut / katuju ing manah.

Dados punjeripun kita hamedhar pangandikan punika, supados tiyang sanes saget lan kersa miyarsakaken punapa ingkang kita wedharaken, kanthi pangajabing sedya sageda dados cathetan wonten ing penggalihipun. Punika ingkang dipun wartani hamedhar pangandikan ingkang sae.

Tujuan Hamedhar Pangandikan

Kados sampun kaandharaken wonten ing ngajeng tujuan utami hamedhar pangandikan inggih punika kangge hangaturaken panguneg - uneging manah utawi mratelakaken informasi kanthi Hamedhar pangandikan wonten sangajenging piyantun kathah supados sami mangertosi ingkang kita andharaken.

Peprincening hamedhar pangandikan punika kaperang dados pinten - pinten perangan.
1. Hamedhar pangandikan ingkang asipat mratelakaken informasi.
2. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hiburan.
3. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut dhumateng para pamyarsa

Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Informasi

Informasi ingkang mengku werdi palapuran, utawi pratelan ngengingi satunggaling bab dhumateng para pamyarsa. Amargi hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi punika ngandharaken pawartos utawi palapuran, utawi nyariyosaken salah satunggaling bab dhumateng para pamyarsa, salebetipun hamedharaken babagan ingkang wigatos kedah ingkang cetha, gamblang lan sasaget saget dipun mangertosi.

Menawi kita hamedhar pangandikan kanthi gamblang lan gampil dipun tampi, pramila mboten badhe muspra wedharing pratelan ingkang kita wedharaken.
Pamyarsa saderengipun babar pisan boten mangertos, nanging ing wusananipun gamblang lan mangertos sasampunipun kita hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi / pratelan.

Medharaken informasi punika upaminipun ngaturaken palapuran tanggel jawab pangarsa dhumateng para anggota ing babagan program kerja ing salebeting satunggal warsa (setahun), mratelakaken palapuran ngengingi bab - bab ingkang dipun tindakaken lan sanes - sanesipun.

Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan

Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakaken informasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipat mirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata upacara pahargyan prasaja mantu / ambal warsa lan sanes-sanesipun.

Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika padatan badhe katingal wonten ing Panatacara (MC) ingkang angendhaleni lampahing tatacara ing pahargyan manten, ambal warsa, tatacara hiburan ing ambal warsa 17 Agustus lan sanesipun. Dados ingkang asipat mirunggan utawi mboten resmi.

Catatan : "Jika ada bahasa yang kurang dimengerti artinya, bisa ditanyakan dikolom komentar".

Related Posts:

  • Tradisi Mbesan Dalam Resepsi Pernikahan Di Pacitan Ketika sebuah keluarga menyelenggarakan pernikahan putranya maka dalam adat jawa khususnya diwilayah Kabupaten Pacitan ada yang disebut Mbesan. Mbesan sendiri dari kata "Besan" yang artinya adalah ibu atau bapak dari istri … Read More
  • Tata Rias Pengantin Pacitan Apabila anda mencari referensi tata rias pengantin di Pacitan Maka biasanya anda akan mendapatkan berbagai tawaran sesuai Budget dan seperti apa acara yang akan anda selenggarakan. Tentunya setiap paket tawaran akan memili… Read More
  • Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae / Berpidato Yang Baik Atur Pasrah Temanten di Desa Ngile Tulakan Pacitan - Medhar Pangandikan punika Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjageka… Read More
  • Paket Resepsi Pernikahan Rumah Lengkap PacitanMeskipun belum begitu populer untuk acara resepsi pernikahan rumah di Pacitan yang menggunakan Full Wedding Organizer, namun ada referensi yang biasa ditawarkan di luar Pacitan. Biasanya kalau di desa, masih menggunakan tenag… Read More
  • Pangertosan Bab Hamedhar Pangandikan Saderengipun kita anggladhi utawi maraga hamedhar pangandikan / tanggap wacana, langkung rurniyin kedah mangertosi babagan werdinipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana punika punapa? Hamedhar pángandikan / tanggap waca… Read More

2 comments: