Sunday, April 13, 2014

Panyandra Temanten Kakung Tumuju Sasana Panggih

Binarung swaraning pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nucwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung ingkang ngembo busananing narpati. Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.

Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,
Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko.

Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.

0 comments:

Post a Comment