Saturday, May 23, 2015

Tanggap Wacana Pasrah Panampi dalam Resepsi Pernikahan


Dalam rangkaian acara pernikahan di desa biasanya ada sesi pasrah panampi. Disini pihak mempelai laki-laki memasrahkan putranya kepada keluarga mempelai putri yang disertai dengan penyerahan tali asih, kemudian diterima oleh wakil dari keluarga mempelai putri. Berikut diantara contoh pasrah;
Assalamu alaikum wa rahmatullah.

Kula nuwun,
Kaparenga kula matur dumateng panjenenganipun Bapak ……………….. ingkang jumeneng sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu ……………….. dene sowan kula wonten ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening Bapak/ Ibu ……………………… sagotrah.
Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten Kakung wiwit saking griya ……….. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.

Ingkang angka sepisan.
Panjeneganipun Bapak/ Ibu ……………………… ngaturaken kawilujenganipun mugi katur ing ngarsanipun Bapak ………………… sakbrayat.

Kaping kalihipun.
Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu ………………….. ngaturaken salam taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak …………………. sekaliyan garwa.

Jangkep ingkang kaping tiganipun.
Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon) temanten kakung ingkang peparab bagus ……………….. ingkang badhe kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu ……………….. ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah …………………..
Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken tumapaking adicara kasebat.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu …………………. sabrayat, kapareng handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping (ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.
Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.

Assalamu alaikum wa rahmatullah.

1 comment:

  1. Grand National 2021 tips | MapyRO
    Grand 제천 출장마사지 National 의정부 출장안마 2021 광명 출장마사지 tips. 부천 출장안마 From the likes of Bournemouth, Brighton & Hove Albion, Fulham, West Brom, 남원 출장마사지 West Brom, and Middlesbrough.

    ReplyDelete