Sunday, April 13, 2014

Temanten Putri Lenggah Ing Singangsana Adi

Binarung swarane pradangga munya ngarangin, ana ganda arum mangambar ngebaki jroning bale winangun, datan watawis dangu ana teja manther kawuryan. Anenggih punikata tejane Sri atmaja temanten Putri ingkang mijil saking sasana tepas wangi arsa manjing ing sasana pahargyan.

Mabyor-mabyor busananira ingkang hangimba busananira prameswari nata, marma kalamun katempuking Ywang candra pating galebyar pating calarot pindha kartika asilih pernah. Amucang kanginan dennya lumaksana membat madya lumenggang ing warih, lembeyan merah kasimpir riyak hanggajah oling.

Prapteng madyane pawiwahan kagyat kagara wekasan kang apindha sitaresmi nenggih mustikane pawiwahan, dupi anguningani sanggyaning para tamu ingkang sampun lenggah satata pepak sinaraja kaya handhayong-dhayongna pancak sujine bale winangun. Marma kapanduking raos ingkang tumanem jroning kalbu kadi karem karaban ing memanis sinandhing kastuba manik, ingkang satuhu datan kena cinitra ing ukara.

Prapteng unggyan ingkang tinuju, rising atmaja temanten putrid sigra kalenggahaken aneng sasana rinengga, kinapit patah sakembaran ingkang wus samapta ing gati sawega ing dhiri. Ing astanira wus angasta gantal ingkang winastan gondhang kasih, ingkang sampun linambaran mantran-mantran sakti, guna kasantikan, guna kawijayan, guna pangasihan, kayata jaran gyang, semar mesem truna lele lsp.

Dhasar Sri Atmaja Temanten Putri wanudya ayu rupane karengga ing busana. Nalika samana mangagem busana kang endah ing warna. Sinulam benang kencana awangun lunging gadhung rumambat ngrawit. Agegelung malang awangun bokor mengkurep, acecundhuk mentul tinata runtut akrya patut. Asesemek sekar melathi rinonce awangun wulan tumanggal, sinartan tiba dhadha tinumpangaken ing pamidhangan kanan, ngalewer prapteng jaja, ebah-ebah kalamun ginawe lumampah, marma kalamun katiyubing maruta manda ngambar gandanira nganti ndumugi wanjawine pangurakan.

Datan watawis dangu risang atmaja temanten putri wus kalenggahaken aneng kursi rinengga, semuning wardaya sajak kuciwa karana dennya angrantu jejaka tumaruna ingkang minangka gegantilane nala miwah memaniking netra ingkang dereng prapta. Nalika samana ingkang putra temanten putrid wus lenggah kanthi anggana raras, tegese taksih llenggah piyambakan.

Pangudyasmaraning Ndriya ingkang dereng kawijiling sabda, hangrantu praptaning jejaka mudha ingkang taksih cu mondhok ing sasana palereman.

0 comments:

Post a Comment