Wednesday, April 16, 2014

MEDHAR SABDA PASRAH PANAMPI MANTEN

Ngandharake utawa nindakake sesorah pasrah panampi ing pahargyan dhauping temanten Jawa. Sawijining acara kang diarani tanggap wacana. Sajroning pahargyan manten yaiku atur pasrah lan panampi pasrah temanten. Pasrah temanten kakung katindaaken dening kluwarga besan, dene panampi pasrah dening ingkang hamengku gati utawa sing duwe gawe. 

Pasrah panampi iki beda-beda, ana istilah pasrah nyobo lan pasrah njero. Sing diarani pasrah njobo yaiku menawa rombongan besan rawuh lan kandhek ing wiwaraning pawiwahan, diterusake pasrah, kui diarani pasrah njobo.

Ewadene sing diarani pasrah njero yaiku, menawa manten wis rampung didaupake terus dienekake tanggap wacana. Ana ing tlatah Pacitan lan sak tepiswiringe, cara iki kang asring dinggo. Pasrah njero biasane ukarane luwih dawa tinimbang pasrah njobo amarga sing diaturake luwih akeh. biasane uga ana srah-srahan tali asih.



Kanggo panampi uga ora akeh bedane karo atur pasrah. Biasane atur panampi digandengake karo pambagya harja wilujeng supaya acarane luwih ringkes. Panampi isine mung jawaban saka pasrah kui mau.

0 comments:

Post a Comment