Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 01

Foto Bersama dalam Pernikahan Anita dan Triyono

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 02

Temanten Putri Lenggah Ing Sasana Pinajang

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 03

Foto Bersama Temanten

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 04

Foto Bersama Temanten

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 05

Foto Bersama Temanten

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 06

Foto Bersama Temanten

Dokumentasi Pernikahan Adat Jawa 07

Foto Bersama Temanten

Monday, April 6, 2015

MC Manten Jawa Bersama Surya Salon Kebonagung

Ijik kelingan nalika arep budhal makarya ana ing laladan Desa Katipugal Kebonagung Pacitan. Ing mangka desa kui panggonane para pangulowentah seni jawa. Pikirku mbok menawa ana kurange weruhku babagan basa utawa sastra lhak bisa kulak isin.

Ning apa sing tak pikirake tibake salah gedhe karo kasunyatane. Wong kui menawa saya putus ing ngilmu, kaweruhe saya duwur malah sangsaya pangerten. Dukungan saka para sesepuh sing ndadeake acaraku ning kana bisa sukses tanpa ana pepalang apa-apa.

Dokumentasi Pernikahan Wien dan Ryan

Usume akeh sing padha mantu. Mantu jarwo dosoke miturut othak athik mathuk, Man:Teman , Tu: Turu. Dadi mantu kui nggolekne teman turu anake wedok. Wong jejodhoan kui tujuane ana telung perkara.
1. Golek batur urip, merga manungsa kui makluk sosial sing ora bisa urip dewekan.
2 Kanca ngrukini keturunanr menawa diparingi putra minangka rerengganing bale wisma.
3. Dadekne kanca tresna tinresnanan amarga jalma manungsa lanang utawa wadon kui ndueni nafsu sahwat, dadi pasangan kanggo karonsih. 
Kui minangka cekelan kanggone remaja sing wis darbe nikah supaya tujuane ora nalisir saka angger-anggere jejodoan
============================================ 
Beberapa waktu yang lalu ada seorang yang tanya pada saya....!!!
Penanya : Mas Wawan, teng napa kok manten niku bar balangan suruh banjur mantene sing wedok ken ngubengi manten lanang...?
Saya : Niku nuladha budhaya saking kanjeng sunan Kalijaga riyin mas... pancen adate dalah piwulang saking simbah-simbah rumiyin nggih kados mekaten....
Penanya : Lha nggih... teng napa kok kedah ngoten mas...?
Saya : Lha niku sebab menawi diubengke sakane omah, ndak ndereni pitik anyaran mas... nek teng nggen kula pitik anyaran niku diubengke saka sinambi dipun japani " aja ngalih-ngalih pitike yen rung ngalih sakane"...

===========================================


Anyarkara Kinarnya Ngrengganing Jagat. Nalika wanci enjang sumunar bagaskara kang anyunari bumi Ngile Tulakan Kabupaten Pacitan. Swaraning Kukila kang gumyak cacariwis, perci ngoceh anambahi asrining pangerdinan, manuk podhang kang ngumandhang yayah ngidungake tetembangan.
Sroning kaendahan ing pangerdinan kasor kalawan prabane kang nembe kewala prapta, kasor klawan brabaning tedhak ira sang ayu Wien Gadiez Apha Adanya atmaja putri saking bapa miswan. Wujuding kenya prasaja pinatut ing busana saking sanggar rias Yusie Widyanuar Salon. Kalamun cinandra kadya sang bathari ngejowantah

!!! By : WS Tiada Tara

Sunday, April 5, 2015

MC Pernikahan Resepsi Pernikahan RUDI & RIDA

Lulus Raharja Makarya Sareng Kalian AMALIA SALON, Ngemplak Sirnoboyo Pacitan. Resepsi Pernikahan RUDI & RIDA, manggen wonten laladan Sumber, Karanganyar, Kebonagung, Pacitan Jawa Timur.

Daup ipun Kang Mbok Ayu Emawati Kaliyan Kang Mas Bagus Supriyadi

Daup ipun Kang Mbok Ayu Emawati atmaja Putri saking Bapa Suyut Muryono, Ibu Sogiyem ingkang jinatukrama dening Kang Mas Bagus Supriyadi, pria tanaya saking Bapa Jumawan, Ibu Yuliana...
Angrasuk busana ingkang awarna wilis, pinilih busana babaran enggal saking juru pangrengga busana nenggih ibu Darno Mijil saking Laladan Gasang Tulakan. Anggenya mratitisaken tindaknya pinanganten sarwi amateg aji guna kawijayan minangka sarana kukuh bakuh anggenipun bebrayan putra temanten sarimbit.
Rias : Yussie Rias Pengantin

Daupipun Rara Ayu Endang Susilowati kaliyan bagus Andi Susanto

Purna Makarya Ana Ing Laladan Gebang, Plumbungan, Kebonagung, Pacitan, kanthi lulus raharja nir ing sambekala. Daupipun Rara Ayu Endang Susilowati atmaja Putri saking Bapa Riyadi ibu Suliyah, ingkang jinatukrama dening bagus Andi Susanto, Priya tanaya saking Bapa Sahroni, ibu Katmatin ingkang pidalem ing Sriten Gembuk, Kebonagung.