Monday, April 6, 2015

Dokumentasi Pernikahan Wien dan Ryan

Usume akeh sing padha mantu. Mantu jarwo dosoke miturut othak athik mathuk, Man:Teman , Tu: Turu. Dadi mantu kui nggolekne teman turu anake wedok. Wong jejodhoan kui tujuane ana telung perkara.
1. Golek batur urip, merga manungsa kui makluk sosial sing ora bisa urip dewekan.
2 Kanca ngrukini keturunanr menawa diparingi putra minangka rerengganing bale wisma.
3. Dadekne kanca tresna tinresnanan amarga jalma manungsa lanang utawa wadon kui ndueni nafsu sahwat, dadi pasangan kanggo karonsih. 
Kui minangka cekelan kanggone remaja sing wis darbe nikah supaya tujuane ora nalisir saka angger-anggere jejodoan
============================================ 
Beberapa waktu yang lalu ada seorang yang tanya pada saya....!!!
Penanya : Mas Wawan, teng napa kok manten niku bar balangan suruh banjur mantene sing wedok ken ngubengi manten lanang...?
Saya : Niku nuladha budhaya saking kanjeng sunan Kalijaga riyin mas... pancen adate dalah piwulang saking simbah-simbah rumiyin nggih kados mekaten....
Penanya : Lha nggih... teng napa kok kedah ngoten mas...?
Saya : Lha niku sebab menawi diubengke sakane omah, ndak ndereni pitik anyaran mas... nek teng nggen kula pitik anyaran niku diubengke saka sinambi dipun japani " aja ngalih-ngalih pitike yen rung ngalih sakane"...

===========================================


Anyarkara Kinarnya Ngrengganing Jagat. Nalika wanci enjang sumunar bagaskara kang anyunari bumi Ngile Tulakan Kabupaten Pacitan. Swaraning Kukila kang gumyak cacariwis, perci ngoceh anambahi asrining pangerdinan, manuk podhang kang ngumandhang yayah ngidungake tetembangan.
Sroning kaendahan ing pangerdinan kasor kalawan prabane kang nembe kewala prapta, kasor klawan brabaning tedhak ira sang ayu Wien Gadiez Apha Adanya atmaja putri saking bapa miswan. Wujuding kenya prasaja pinatut ing busana saking sanggar rias Yusie Widyanuar Salon. Kalamun cinandra kadya sang bathari ngejowantah

!!! By : WS Tiada Tara

0 comments:

Post a Comment