Friday, April 10, 2015

Titilaksana Pahargyan Penganten Adat Ngayogyakarta Lan Surakarta

Desa mawa cara negara mawa tata. Tembung punika ingkang saget diagem angger-angger menawi badhe ngayai gati ana ing Resepsi Temanten. Amargi benten daerah uga benten tata cara utawi modelipun. kadostha ana ing Ngayogyakarta kaliyan ing Surakarta benten urut lapahipun. Menawi wonten laladan sanes kadastha wonten pacitan punika sampun kolaborasi ingkang dipun jumbuhaken kalian kahanan. Ananging paling mboten panatacara kedah manertosi adat setunggal laladan lan setunggalipun. Punika kirang langkung angger-anggeranipun:

 A. SIRAMAN

Adat Ngayogyakarta
Adat Surakarta
1.      Pasang bleketepe & pari sawuli ing tarub
2.      Ngabekten
3.      Ngracik toya
4.      Siraman (tiyang sepuh & pinisepuh)
5.      Sesuci (wudlu) dening juru paes
6.      Pecah pamor/pecah kendhi dening juru paes

1.      Pasang bleketepe & pari sawuli ing tarub
2.      Ngabekten
3.      Ngracik toya
4.      Siraman
5.      Sesuci
6.      Pecah pamor
7.      Pangkas rikma
8.      Bopong/gendhong pungkasan
9.      Tanem rikma
10.  Pecok tumpeng
11.  Dulang pungkasan
12.  Sade dawet.
13.  Nglepas ayam

Cathetan:
a. Menawi wonten donga saged kapapanaken ing badhe pasang bleketepe utawi nalika ngracik toya
a.       Menawi siraman CPK boten dados satunggal, kedah wonten kintun toya perwita adi sasampuning karacik


B. UPACARA NGERIK
            Pranata adicara limrahipun boten kajibah. Ingkang nindakaken upacara ngerik juru paes.

C. MIDODARENI

Adat Ngayogyakarta
Adat Surakarta
CPK sapengombyong rawuh:
1.      Pambuka
2.      Pambagyaharja
3.      Pasrah paningset & / CPK
4.      Tampi
5.      Tantingan
6.      Cariyos tumuruning kembar mayang (Jaka Tarub – Dewi Nawang Wulan) sinambi adicara ngrahabi pasugatan)
7.      Tilik nitik
8.      Busana kancing gelung saha angsul-angsul
9.      Purna
CPK sapengombyong rawuh:
1.      Pasrah paningset & / CPK
2.      Tampi
3.      CPK diunjuki toya wening
CPK & rombongan lenggah, MC mbuka adicara
4.    Pambuka (MC)
5.      Pambagyaharja
6.      Catur Wedha
7.      Tantingan
8.      Nggayuh tumuruning wahyu sajodho (saged mawi paraga utawi kacariyosaken MC nalika kembul bujana)
9.      Tilik nitik (tuwi CPW)
10.  Busana kancing gelung
11.  Purna

D. PANGGIH

Adat Ngayogyakarta
Adat Surakarta
Gendhing bindri::
1.        Atur sanggan
Gendhing ladrang penganten:
2.        CPW miyos dipunrumiyini kembar mayang
3.        Kempyok kembar mayang
4.        Balangan gantal
5.        Ranu pada (wijikan)
6.        Pecah antiga
Gendhing boyong pengantin/puspa warna:
7.        Pengantin jajar lumampang gegandhengan
dhateng sasana mulya
8.        Tampa kaya
9.        Dhahar klimah
10.    Ngunjuk toya wening
11.    Mapag besan
12.    Sungkeman

Gendhing Sekarteja/puspawarna:
1.      Pengantin putri miyos lenggah ing sasana mulya
Gendhing Kebo giro:
2.      Manten kakung rawuh kaliyan rombongan
Gendhing Kodhok ngorek
3.      Liru kembar mayang
4.      Balangan gantal
5.      Midak antiga
6.      Ranu pada
7.      Minggah luhuring pasangan
8.      Sindur binayang
Penganten kekanthen asta lumampah dhateng sasana mulya gendhing Larasmaya
9.      Bobot timbang
10.  Wisudha penganten
11.  Kacar-kucur
12.  Dhahar walimahan/dulangan
13.  Ngunjuk toya wening
14.  Mapak besan
15.  Sungkeman



Cathetan:
1.      Bubak kawah (mantu sepisan) kanthi cara ngunjuk rujak degan rujak tape,
       sasampunipun ngunjuk toya wening. Menawi ngangge tradhisi begalan  
       katindakaken sasampunipun sungkeman.
2.      Tumplak punjen (mantu pungkasan) katindakaken sasampunipun ngunjuk toya wening. Sasampunipun imbal wacana (putra- bapa), para putra sungkem bapa-ibu, para putra lajeng kaparingan kampil-kampil isi kacang-kacangan, arta receh, ugi saged cek, sertifikat, lunci mobil/griya, lsp. Bapak – ibu lajeng nyebar udhik-udhik, para putra wayah saha tamu sami rayahan. Bokor lajeng katumplak ing sangajenging sasana mulya.

E. PAHARGYAN ING GEDHUNG
1.      Manten rawuh kairing gendhing, Sala: kebo giro, Yogya: bindri.
2.      Manten mlebet kairing gendhing, Sala: Larasmaya, Yogya: Ladrang penganten/Gati Padhasih/boyong temanten
3.      Manten lenggah ing sasana mulya
4.      MC mbuka adicara
5.      Pambagyaharja
6.      Donga (menawi wonten)
7.      Jawat asta saha kembul bujana
8.      Purna

Ingkang kedah dipungatosaken ing gedhung:
  1. Kedah nuhoni wekdal (on time/tepat waktu). Awit menawi mundur sekedhap kemawon, tamu sampun numpuk. Kahanan mekaten kirang nges, acara kesesa-sesa, gedhung kebak, dhahar kirang nikmat, sumuk, hawa benter, lsp.
  2. Koordinasi foto kaliyan pranata adicara bokbilih wonten tami mirunggan (VIP :Very Important Person). Ingkang dados petugas saenipun sampun apal tamu VIP kasebat.
  3. Koordinator foto menika kedah kompak kaliyan stoper (ingkang ngendhek antrian tamu). Tamu VIP rawuh, salaman, foto lajeng dhahar. Adatipun menawi sampun mandhap sarta dhahar dipunaturi malih sampun kangelan (boten kersa).
  4. Menawi tamunipun kathah, foto VIP saged katindakaken mangke, mesakaken tamu menawi kedah nengga foto kamangka antrian rengket sanget (jejel riyel). Foto VIP kanthi dipunaturi sasampunipun dhahar utawi wekdal longgar. Panci wonten kirangipun, kadhang kala tamu sampun kelajeng kondur, utawi boten kersa. Pramila kedah on time.
  5. Wonten tiyang ingkang dipunpasrahi ngreksa pundhi, sampun ngantos kabekta tamu boten kaundang alias maling.
  6. Prakawis dhahar, panitiya kaliyan catering kedah kompak.

0 comments:

Post a Comment