Friday, April 10, 2015

Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae / Berpidato Yang Baik

Tata Rias Pengantin Pacitan
Atur Pasrah Temanten di Desa Ngile Tulakan Pacitan -
Medhar Pangandikan punika Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun.

Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi hamedhar pangandikan, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah.

Menawi kita saged nguwaosi cara - caranipun Panatacara lan hamedhar
pangandikan, mila kanthi mekaten kita badhe kasil anggen kita hamedhar pangandikan ingkang sae, andamel sengseming akathah lan hamemiluta kanthi tetembungan ingkang manis.

Menawi Kita kepengin kados dene para pamedhar pangandikan ingkang sampun kondhang, Sampun kuwatos ing manah. Sadayan piyantun saged, Lan kita pitados bilih kita ugi saged hanindakaken manawi kanthi dhasar ateteken kanthi tekun anggladhi lan amarsudi babagan punika.

Artinya:

Pidato itu harus Berdasarkan pengalaman, yang harus kita ketahui atau setidaknya kita miliki, karena jika mengandalkan contoh pidato saja, rasanya kurang membuat orang lain bisa merasa puas nantinya.

Ibarat kita membangun rumah jika pondasinya tidak bagus, maka bangunan tersebut bisa runtuh. Demikian pula dalam berpidato, jika kita hanya menghafal contoh-contoh pidato saja tanpa mempunyai dasar, nantinya kan mengecewakan.

kalau kita bisa menguasai cara-caranya menyampaikan pidato atau ceramah, maka dengan begitu kita akan berhasil dalam menyampaikan pidato yang baik, bisa membuat menarik dan memuaskan hadirin dengan bahasa-bahasa yang baik dan indah.

Jika kita ingin seperti para ahli pidato yang sudah terkenal, jangan khawatir. Jika orang lain bisa, kitapun harus percaya bahwa kita juga akan bisa untuk melakukanya dengan cara berlatih lan memelajari terkait dengan hal tersebut. Baca Selanjutnya>>>

Tambahan : "Jika ada bahasa yang kurang dimengerti artinya, bisa ditanyakan dikolom komentar".

0 comments:

Post a Comment