Friday, April 10, 2015

Saratipun Pranatacara Miturut Suwarna Dosen UNY Minangka Praktisi Pranatacara

Menawi ngrembug bab panatacara utawi pambiyawara pancen katah ilah-ilahanipun. Panatacara setunggal lan setunngalanipun wonten kekirangan lan kaluwihan piyambak ingkang mboten saget dipun mereni. Anangin wonten angger-angger ingkang kedah dipun mangertosi tumrapipun panatacara temanten. Saratipun pranatacara Menika wonten pinten pinten perangan, ing antawisipun:


    a. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-mentuling  swanten, kajiwa
    b. Olah raga lan busana:
Olah raga sapta-MA:       1. magatra       : patrap wajar boten dipundamel- damel
                                         2. malaksana   : luwes, boten ingah-inggih
                                         3. mawastha    : jejeg, boten kendho/dhoyong
                                         4. maraga        : boten rongeh/edheg/gumeter,                          mantep,
                                         5. malagawa    : enthengan, trengginas
                                         6. matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)
                                         7. mawwat      : ngentasi karya

    c. Olah basa lan sastra: pilihan tembung,  purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp.

    Kajawi menika sinengkuyung pirantos sanesipun kadosta:

a.       pengrengga swara       
Ugi sinebat sound system. Pranata adicara kedah mangesrtos kados pundit mangun karya kaliyan pangrengga swara. Bab tata papan, urutaning gendhing, sasmitaning gendhing, lsp.

b.      papan
         Papanipun pranata adicara kepara saged dipuntingali sedaya para rawuh, sampun ngantos adoh  sanget, ugi sampun ngantos malah ndhelik.

c.   pawiyatan
      Amrih kawegigan pranata adicara saged profesional perlu sekolah, kursus, utawi dherek pawiyatan sanesipun. Saged ugi maos buku-buku ingkang sampun wonten ngewrat bab pranata adicara.

 d.   mental
       Wonten tiyang ingkang gadhah mental waja, mental miyur, sah amental ciyut. Amrih mentalipun kandel kedah kathah gladhen, biasa ngadhepi tiyang kathah (forum), siap ing materi,

e.   ketewajuhan
      Ketewajuhan inggih menika temen-temen anggenipun nindakaken pakaryan, saged rampung ngremenaken.

f.   gladhen
      Pranata adicara tetetp terus sarta prelu gladhen utawi latihan amrih sansaya mekar ilmunipun, landhep yen dipunginakaken, tembenipun katingal wegig, besus, micara.

g.   kasamaptaan
      Pranata adicara kedah siap sawanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe nguciwani, samapta ing raga, busana, basa, saha wicara.

Menika kirang langkung ingkang dipun gadahi tumraping panatacara pahargyan temanten.

0 comments:

Post a Comment